Besan Polah Pak Lurah Kepradah


Warung Barokah sik rame Emak-Emak belonjo. Bapak-bapak sik durung ketok blas. Lah iyolah sik jam enem isuk. Paling sik podo ngeterno anak e sekolah. Lek nggak ngono y0 sik mlungker nang kasur. Mak Sur lek isuk pancen dodol lijoan. Jam 4 isuk wis dasar. Sayuran, bumbu lan konco-konco plek e wis jangkep. Mari lijoan sepi, Mak Sur baru masak gawe warung.

Ket mulai ngono warung ruame. Podo ngomong pating cruet. Jian koyok pasar ae. Cak Yo sampek gedheg-gedheg saking ramene. Kabeh podo ngomongno demo nang Pak Lurah wingi. Demo wingi sampek parak bengi. Mak Sur karo Pak Yo budhal kulakan jam 2 isuk sik akeh wong cangkruk-an nang njobo.

Mak Rah : Jian nemen kok. Mosok karo tanggo dewe cek tegone. Koyok gak eling ae engkok lek mati sopo sing ape ngusung mayite.

Mak Tin : Niku awal-e pripun to, Mak. Kok sampek gebuk-gebukan ngonten.

Mak Rah : Wak Jan, besan e Pak Lurah iku, nekakno anak buahe sak arat-arat. Jogo nang ngarepe kelurahan. Ngedang-ngedangi wong demo. Pas wayahe wong-wong ape buyar moro-moro sing barisan ngarep iku disurung-surung. Onok sing dijongkrok-no.

Mak Tin : Lah. Olaopo kok disurung, dijongkrokno barang?

Mak Rah: Dikon ndhang buyar, Jeng. Lah wong sakmono akehe. Dalane sempit. Lek sing mburi dewe mlakune alon-alon. Sing ngarep dewe lak yo melu alon mlakune.

Mak Tin : Tiang-tiang sing ngarep mbales ya, Mak?

Mak Nah : Yo jelas, Mbak. Diseneni karo wong-wong lah kok malah ngeyel. Onok sing moro-moro ngantem wong kene. Wong kok gak duwe udel. Atase wong bayaran ae koyok wong sing paling kuoso. Jangan asem rong ewu, Mak Sur.

Mak Sur : Yo, sik antri. Iki Mak Ni sik durung mari.

Mak Rah : Langsung rame wis. Antem-anteman. Podo nggak terimone. Nggak kenek dikandani. Aku ngene iki poleh melok mangkel. Anakku yo diantemi soale.

Mak Ni : Podo, Nyah. Aku anak loro karo bojoku. Teko omah bengep kabeh. Sing ragil iku sampe mimisen suwe. Aku yo melok getem-getem ngene iki.

Mak Rah : Iku wingi lek gak ditekani marinir, nggak ngarah buyar. Wong-wong dikon buyar marinir yo lngsung nurut. Padahal mek diomongi tok. Nggak kathek digepuki.

Mak Sur : Yo iyalah. Kene lak menungso duduk sapi. Yo lek nggusah sapi ngono digebuki.

Cak Yo : Sabar, Bu. Sabar.

Mak Sur : Poleh melok emosi ngene iki, Pak.
#          #          #

Repot pancen lek kene wong sing mentale aji mumpung. Mumpung besan e pejabat. Iso polah sak akrepe dewe. Piro suwene sih jabatan lurah iku. Ojok sampek besan wis nggak dadi lurah wong sak jagat kerat buak idhu nang rai. Nauzubillahminzalik. Amit-amit jabang bayi.



Foto: koleksi pribadi

Komentar