Warung Barokah: Mari Perang, Metu Apane?


Iwan karo Cak Kairun lagi nonton tipi karo ngombe kopi panas. Lambene wong loro iki ngoceh ae gak mari-mari. Mak Sur sampe ngelu ngrungokno tapi yo gak isok ngusir. Mosok wing tuku ape diusir. Ora mungkin.

Cak Kairun : Lho, kan kandani kok. Temen ta omonganku?
Iwan : Omongan sampean sing endi, Cak?
Cak Kairun : Lek ape pilihan presiden lak koyok ape perang.
Pak Yo : Hussh. Lambene yo...
Cak Kairun : Temanan iki, Cak. Iku loh tontoken nang tivi. Lak wis koyok perang. 

Cak Kairun ndhudhing-dhudhing tivi sing lagi onok acara omong-omongane wong-wong  pinter sing lagi ngomongno calon-calon presiden.

Iwan : Endi sing ape perang? Lebay sampean iki, Cak.
Cak Kairun : Eloh, pertamane sing perang lambe ne. Lek wis gak ngatasi tangane sing maju, sik ngatasi maneh phesone metu, terus gobange metu. Terus clurit, tombak sak sembarang kalir e metu kaneh. Perang wis dadine.
Pak Yo : Khayal koen iku Run, Run...
Iwan : Lek wes mari perang metu apane, Cak?
Cak Kairun : Yo metu segone?
Pak Yo : Kok sego?
Cak Kairun : Kan podo mati kabeh. Kari mbancaki ae hehehe

Pak Yo : Wong uedan!!! Ditoto lambene lek ngomong. Nauzubillahminzalik ojok sampe perang ya Allah. Paringono eling wong-wong dhuwur iku. 


Cak Yo nyentak Cak Kairun karo mendelik. Cak Kairun langsung mak keclakep. Lambene langsung dijejeli tempe goreng. Mangan nyamuk-nyamuk karo mripati kethap-kethip. Iwan ngempet nguyu ae.




Foto: koleksi pribadi 

Komentar

Posting Komentar